Jarene si MBAH BUYUT ku naliko GESANG ..
"LEE, KOWE MLAKU SAK MLAKU .. NGUCAP SAK NGUCAP .. OPO MANEH NGUCAP NYEBUT ASMA E GUSTI .. KOWE KUDU NEMEN OLE E NGATI-ATI, OJOK NGANTI GETUN NEMBE MBURI"
GETUN
nggeGET sak wes e mantUN
Kaprahe pancen getun kuwi pinastine tibo keri. Yen wis kelakon (sak wes e mantun) lan nemahi tuna (rugi) banjur ngrasakake getun keduwung.
Nek ora NGERTI marang kahanan sing wis GUMELAR lan sing dadi agem-agem e ngurip.
Pancen mulai wiwitan, getun kuwi manggon ning mburi. Lan ora bakalan manggon ning ngarep.
Mergane sing manggon ning ngarep kuwi mung ELING lan WASPODO.
Asio koyok ngunuh, kenek opo mesti di lalekno .. Senengane mung grusa-grusu sarwa kesusu .. "MELIK NGGENDONG LALI" .. Wong kesusu pengin oleh opo-opo adhakane banjur lali lan ora gelem ngati-ati ugih waspodo ..
Lakune banjur sembrana, omongane banjur clewa-clewo kurang cetha. Oleh-olehane ya mung tuna, cilaka, kepalang alangan, kekala (kejaring) bebaya. Jalarane mung merga ora ELING.
Asio ngeweruhi kahanan cerito sak temen e sek tetep ae di TRASAK (dilanggar) lan piyambak e ora gelem ELING naliko ngawiti kahanan laku.
Nek wis kadung kelakon malah mung godak godek kroso getun.
Mulakno iku ora usah ngomong EMAN nek nang pikiran lan roso ora isok sadar.
Sek tetep ae ngilingi kahanan sing garakno LENO .. Garakno kabeh BUBRAH ora karuan .. Mergo di apak-apakno, wiwit biyen .. Manugso pingine NGUBER seneng lan ora mikir nembeh mburine.
Mulakno kuwi, Ayooo kabeh podo sinau tembung "GETUN" ing "NGAREP".
Ben isok keturutan opo sing dadi ngarepan ..
Ajar tansah ELING lan WASPODO .. ben ora ngalami GETUN ing MBURI.
Sinau tembung GETUN ing NGAREP, minongko pituduh lan wawasan kagem nepakno tumindak laku lan pangucap.
Onok KAWITAN sak mesti ne onok PUNGKASAN, isok NGAWITI kudu e isok MUNGKASI.
Satriyo sejati, kudu e ngerteni kahanan SEBAB MUSABAB Lan ora bakalan nyembranakno tumindak, pangucap ugih penganggep.
Kahanan ngurip kudu e sing CETHO, ora mung percoyo karo tembung jare.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar